BAB2. PROSA kelas 8(minggu 6) - SMP Negeri 1 Karangampel

BAB2. PROSA kelas 8(minggu 6)

A. Prosa

Tembung prosa sing basa Latin sing arane “terus terang”. Baka ning Basa daerah pengertian prosa yaiku kepanjing karangan bebas, kepanjing ning karangan rekaan, utawa baris, bait, tembung-tembu g lan irama. Wujud prosa minangka wujud rangkean tembung, sing wujude paragraf, contone : Dongeng, Hikayat, Legenda lan sejen-sejen.

Prosa dibagi 2 yaiku…

  1. Prosa lawas : a. Dongeng, b. Babad, c. Primbon lan jangka
  2. Prosa anyar : a. Roman, Novel, Crita cindek, b. Candra lan Panyandra

    Conto teks Prosa Para Ki Geden Cerbon-Dermayu

Masa Pemerintahan Walangsungsang

Sing ngganti Ki Geden Alang-alang yaiku Pangeran Walangsungsang. Sapa Pangeran Walangsungsang iku?, miturut cerita Pangeran Walangsungsangputra mahkotan pangeran kerajaan Pejajaran, utawa putra pembarep Prabu Siliwangi bari putri santri asal Kerawang yaiku Rara Subang Larang. Seuwise nikah putri Rara Subang Larang tetep agamane Islam, lan ndidik putra lan putrine nganggo cara Islam. Anak wadone arane Ratu Mas Rara Santang, lan adine sing lanang arane Raden Raja sengara.

Seuwise dianggep cukup dewasa Pangeran Walangsungsang ning sewijining dina ngadep bapane, yaiku njalukm ijin pengen metu sing istana kanggo belajar agama Islam, sang Prabu Siliwangi nolak lan nglarang panyuwune Pangeran Walangsungsang, sebab ning wektu iku Prabu Siliwangi masih ngrasuk agama Hindu. Kepengene Pangeran Walangsungsang kuat pisan lan kudu belajar agama Islam, akhire raden Pangeran Walangsungsang minggat sing istana kanggo nglanglang buwana nggulati wong sing pinter agama Islam. Peristiwa iku kedadiyan ning taun 1442 M. Esuke kraton dadi geger sebab lolose Pangeran Walangsungsang sing istana. Ibu lan adi-adine pada sedih, Prabu Siliwangi dawuh patihe nggulati Pangeran Walangsungsang.

Mlakune separan-paran munggah gunung, mudun jurang, nyabrang kali, nrabas alas sing masih sangar akeh satoan galake, tapi Pangeran Walangsungsang bli peduli lan bli wedi kabeh ditrabas. Sampe teka ning kaki gunung Merapi ning padepokane Nyi Indang Geulis sing durung Islam, ning kono Pangeran Walangsungsang ulih jodone lan dinikahaken bari putrine Nyi Indang Geulis.

Sawise iku Pangeran Walangsungsang karo istrine nerusaken mlakune nuju mengalor. Teka ning Peguron Syeh Nurjati, lan mulai belajar tekun agama Islam ning Syeh Nurjati. Sewise dianggep katam Pangeran Walangsungsang mangkat maning arahe nuju mangidul ning daerah sing nguasai arane Ki Gedheng Alang-alang yaiku Lemah wungkuk yaiku ning lingkungan keraton Kanoman.

Ki Gedheng Alang-alang wong sing bagus atine, Pangeran Walangsungsang bari istrine sejene ditrima dadi siswane uga bocah loro iku dianggep kaya anake dewek, mulane sewise ilmune dianggep cukup, Pangeran Walangsungsang direstui tanggal 1 Syura 1445 M mbuka alas, sing mengkone tanggal, wulan lan taun iku dadi peringatan dina dadine kota Cirebon.

Alas sing dibuka tanahe subur mulane tanduran-tandurane katon subur lan ngasilaken asil bumi gawe sejahterane masyarakat, lan padukuhane mulai akeh ditekani masyarakat sing pengen melu meneng lan usaha ning kono, gawe ramehning padukuhan. Sebab anane ning pinggir pesisir singn ngasilaken rebon utawa urang-urang cilik, sing bisa diolah dadi trasi sampe tekan ning ensi-endi. Lan istilah “cai rebon” utawa banyu urang, dadi asal usule julukan aran “Cirebon”.

Pangeran Walangsungsang sing ngrasa kuat, mangkat kanggo nglawan Galuh sing sedurunge nglakukaken perlawanan sing bli langsung, yaiku bli ngirimaken bulu bekti utawa upeti. Berhasil Pangeran Walangsungsang terus ngadegaken Kerajaan Cirebon ning taun 1378. Senajan wis dadi kerajaan Islam, masih tetep nglestariaken hubungan bari kerajaan Hindu Pakuan Pejajaran.

Pangeran Walangsungsang bari adine Ratu Mas Rara Santang  sing melu  meguru ning Syeh Nurul jati pada munggah Haji ning Mekah, Ratu Mas Rara Santang dinikahi ning raja Syarif Abdullah sing Mesir, sebab istrine tembe bae ninggal, lan diupai gelar “Syarifah Mudaim” taun 1448M.

Asil pernikahan Ratu Mas Rara Santang bari raja Mesir, sing konon keturunan ke -21 Nabu Muhammad SAW. Nurunaken 2 putra, sing dipai asma Syarif Hidayatullah, lan Syarif Nurullah. Sebab Syarif Hidayatullah bari ibune pengen balik ning Cirebon, mulane sing ditunjuk Syarif Nurullah sing dadi raja Mesir.

Keponakan Pangeran Walangsungsang, yaiku Syarif Hidayatullah sing karo ibune balik meng Cirebon taun 1470, Sangang taun sauwise iku yaiku ning taun 1479 Pangeran Syarif Hidayatullah Nggantikaken pamane mrintah Cirebon, nganggo gelar “Sunan Gunung Jati”.

     Dijukut sing Seri Penerbitan Sejarah Peradaban Manusia Zaman Cirebon.

Penerbit MULTIGUNA CV-Jakarta 1990

Sewise Maca lan ngrangkum materi ning duwur mangga kerjakaken latian…KLIK NING KENE

wilujeng ngerjakaken….

Likes:
15 0
Article Categories:
Bahasa IndramayuKELAS VIII

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Demo Title

Demo Description


Introducing your First Popup.
Customize text and design to perfectly suit your needs and preferences.

This will close in 20 seconds