BAB 1-A. Pertanian, Perkebunan, Perikanan Darat lan Kelautan(minggu 3) - SMP Negeri 1 Karangampel

BAB 1-A. Pertanian, Perkebunan, Perikanan Darat lan Kelautan(minggu 3)

Kompetensi Dasar :

1.1. menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugrah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks deskripsi tentang pertanian, perkebunan, perikanan darat, dan kelautan.

1.2. menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli, gotong royong, toleransi, damai, santu, responsif dan proaktif dalam unda usuk basa ngoko/bagongan, krama/bebasan.

1.3. mengidentifikasi teks deskripsi tentang pertanian, perkebunan, perikanan darat dan kelautan dalam unda usuk basa ngoko/bagongan, krama/bebasan.

 

A. Pertanian

kota pelem                                  kota lenga                                       lumbung pari

Kabupaten Indramayu awit bengen kewentar ning sebutane daerah lumbung pari, kota pelem, kota lenga. disebut daerah lumbung pari, sebab baka musim panen kabupaten Indramayu ngasilaken atusan ton beras. Kabupaten Indramayu daerahe akeh sawahe lan masyarakate sing akeh-akeh kerjaane dadi petani. Miturut ilmu pertanian kegiatan ngliput cabang produksi kaya : perkebunan, perikanan, kehutanan lan sejen – sejene.

Kanggo kabupaten Indramayu tanah pertanian dibagi 2, yaiku :

  1. Pertanian tanah teles wujud sawah, petani sing molah nandur pari ning sawahe.
  2. Pertanian tanah garing wujud kebonan/tegalan/pekarangan/tanah pinggir alas, lan umume sing ditanduri palawija. bisa uga ditanduri pari, arane pari gaga.

Dadi Indramayu sejene penghasil beras utawa pari minangka panganan pokok, ana tanduran sampingan kanggo ngganti beras, contone jagung, boled, uwi, gembili, lan sejen – sejene. Tanduran sejene yaiku tanduran janganan, contone kangkung, bayem, encung, waluh, kecipir, sawi, lan sejene. Woh-wohan sing Indramayu sing kewentar sebutan “kota pelem”, sebab Indramayu jaman bengen kewentar ning pelem cengkire. tapi ning jaman sekiyen berubah dadi pelem gedong, senajan pelem sejene bli kalah enak, conto pelem arumanis, golek, manalagi/lalijiwa, gajah, danas lan masih akeh maning. Hasil pertanian sejene yaiku semangka, bonteng suri, gerbis lan sejene.

Indramayu ngolah sawah wis ana sing nggunakaken cara modern, siitem utawa cara ngolah ning sawah ku bli ditanduri pari bae, pengolahan sawah ana sing nggunakaken cara / sistem “tumpangsari” yaiku nandur pari pemanfaatane bisa nganggo 3 cara : 1. Pemanfaatan ngalengan kanggo ditanduri sayuran, 2. Pinggirane digawe balong muter nganggo miara iwak, 3. tengahe ditanduri pari dadi ana 3 lahan. Keterangane kaya ning esor iki :

  1. Galengan sejene kanggo wates sawah, uga kanggo liwat para petanine, galengan uga bisa ditanduri, contone ditanduri kacang lanjaran, timun, kecipir, bayem cabut, kangkung cabut, boled lan sejene.
  2. Balong sing semeter kanggo miara iwak nila, mujaer, sepat siyem, lan sejene. miara iwak suwene kira-kira 3 wulan, iwak bisa dipanen, seuwise panen iwak tembe panen parine.
  3. Ning tengahe ditanduri pari biasane dipilih pari sing varitas unggul, sing umure cindek dadi bisa cepet dipanen.

Kegiatan pertanian bli ning sawah bae, tapi bisa manfaataken pekarangan lan kebonan, yaiku sejene ditanduri macem – macem tanduran janganan utawa sayuran, boled dawa, boled bunder, talese, uwi, gembili, ganyong, sluweg, semangka, waluh, lan sejen-sejene.  Baka duwe kebon, kebonane bisa ditanduri bari janganan (sayuran) kaya tanduran sawi, bayem, kangkung cabut, kol, kecipir, encung, kara, boled lan sejene. sing kepanjing tanduran palawija bisa wujud :

  1. Kelompok “Pala Gumantung”, sing kepanjing pala gumantung yaiku : woh – wohan sing uwohe nggandul utawa gemantung contone : Kates, emes utawa oyong, waluh, melon, timun, bonteng,m waluh putih, blingo, pare, lan sejene.
  2. Kelompok “Pala Kesimpar/kesampar”, sing kepanjing pala kesimpar yaiku tanduran mrambat sing uwohe ana ning esor contone semangka, gerbis, bonteng, waluh kuning, lan sejene.
  3. Kelompok “Pala kependem”, sing kepanjing ning pala kependem yaiku tanduran sing uwohe ning jero lemah utawa kependem contone : boled dawa, boled bunder/lemeneng, ganyong, garut/sagu, uwi, gembili, tales, sluweg lan sejene.

Dadi secara umum wong-wong sing kasabe/kerjaane dadi tani, saben dina ngurusi sawahe lan kebone. Ning wektu ketiga(kemarau), umume sawah – sawah pada bli ana banyune  mulane pada digaga utawa dikebon, yaiku ditanduri bari tanduran : bonteng suri, gerbis/blewah, semangka lan sejen – sejene, lan ana sing manfaataken lemahe kanggo digawe produksi bata, sampe mulai musin rendeng tembe balik maning nandur pari ning sawahe.

Mangga ngisi latiane ning link esor iki !

Aja klalen klik like lan tulis komentar atawa baka sing bli ngerti tulis pitakonane nggih…. maturnuwun

Likes:
32 0
Article Categories:
Bahasa IndramayuKELAS VIII

All Comments

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Demo Title

Demo Description


Introducing your First Popup.
Customize text and design to perfectly suit your needs and preferences.

This will close in 20 seconds